..>> Ayo sedulur sing sregep ngaji
ngaji iku sangune mati
wong mat iku banget larane
sebab nyawane ilang saka awake
wong urip ning donya iku mung sesaat
monggo sing age age taubat
taubat sakabeh maksiat mumpung durung teko wektune wafat
untung temen wong sing gelem sholat
lan ngakeh akehne maca sholawat sholawat maring Nabi Muhammad
sebab ngajeng – ajeng angsal syafa’at .
ya Allah Gusti kulo nyuwon
pinaringa gersang istiqomah
ya Allah Gusti kulo nyuwon mbenjang pejah khusnul khotimah
ya Allah Gusti kito nyuwun pinaringan berkah
kangge ibadah kanti ta’at lan nebihi laku ma’siat
ya Allah Gusti kito nyuwun pinaringan rizki kathah
saget kangge amal jariyah lan Ziyarah dateng Mekkah
>>>>>>>>>
(syi’iran Wali.khusnul Khotimah.).
hasil copas dari : https://www.facebook.com/bunda.rochimah?hc_location=stream
Tinggalkan komentar
Belum ada komentar.
Tinggalkan komentar